Geguritan profan
Nresnani
Tanpa Ditresnani
Wiwit dina iki
Aku mung pengen kowe
ngerti
Larane atiku ora bisa
ditambani
Rasane ati kaya wis
mati
Ajur lebur kaya
ora ana sing duweni
Sing takrasa namung
siji
Lara lan perih saka
jero dhadha iki
Merga kowe sing
tansah nglarani
Tanpa ngerti rasane
nresnani tanpa ditresnani
Takliwati
Telung wulang wis
takliwati
Takliwati tanpa
ngerti sliramu maneh
Takliwati tanpa ana
kabar saka awakmu maneh
Takliwati kanthi ati
kang kepati-pati
Takliwati karo nahan
eluh iki
Takliwati senajan
lara sing takrasani
Matur suwun
Kagem lelara sing wis
kokwenehi
Dudu
Malaekat
Isih cetha
ayang-ayangmu ning mripat
Rasa-rasane kaya
kesamber kilat
Nalika ngerti janjimu
mung ana ing ilat
Ndadekake aku angel
menyat
Menyat saka wektu
sing wis kliwat
Marang sapa anggonku
sambat?
Atiku mung siji, aja
kok iris dadi papat
Nanging aku kudu
kuwat
Senajan aku dudu
malaekat
Limang
Taun Kepungkur
Limang taun kepungkur
Isih cetha ing
ayang-ayang ku
Nalika aku ketemu
sliramu
Nalika sliramu mburu
tresnaku
Nalika sliramu nggawe
aku ngguyu
Nalika sliramu isih
ngucapake I love you
Nanging saiki
Limang taun kepungkur
mung dadi crita bisu
Crita tresnaku karo
tresnamu
Kang kapisah dening
wektu
Mugi-mugi tresnamu
isih kanggo aku
Kang ora bisa nemu gantine
sliramu
Tak
Tunggu Tekamu
Sumribit angin nembus
sajroning atiku
Ron-ron garing wis
padha kumleyang kabur kanginan
Langit biru wis katon
ireng
Nanging awakmu durung
wae ketingal
Kabeh wong wis padha
mlebu istanane
Kejaba aku,,
Aku isih neng kene, ing
sak tengahe udan iki
Kilat katon mesem ing
langit kana
Kaya-kaya menehi
pawarta awakmu bakal teka
Aku isih neng kene
nganti wengi kang sansaya sepi
Ngenteni cahyane
pasuryanmu sing bakal madhangi wengiku
Sanajan awakku wis
krasa abot
Nanging tetep taktunggu
tekamu ing sak ngisore payung iki
Swiwi
Angen-angen
Sliramu, iya
sliramu..
Sliramu sing menehi
aku swiwi angen-angen
Supaya aku bisa mabur
karo slira mu
Mabur ing donya kang
kowe arani katresnan
Bebarengan lumaku
mangun bale wisma..
Seneng, ngguyu,
nelangsa
Wis tak lakoni bareng
karo sliramu..
Nanging saiki..
Swiwi mu wis suwek
Suwek katiup maruta
nalika mabur
Aku ora bisa
ngetutake sliramu
Sansaya adoh slira mu
mabur
Mabur, lunga karo
angen-angen mu
nanging dudu karo
aku..
Ati Kang Keranta-ranta
Setya iku sengsara
Sengsara kang nyiksa raga
Sengsara merga dilara-lara
Sengsara merga priya ora
setya
Sajroning atiku wis nandhang
setya
Nanging wong liya,,,
Setya iku wuta
Wutane ati merga wong wadon
liya
Aku ora kuwawa mangerteni
ana selir liya
Nanging aku ora bodho
Aku luwih becik
Lan luwih perkasa
Rasa
Sirna
Sarumpun kembang melathi
Nandhakake kasedihan mring
lakune
Hawa atis kaganti karo panas
Rina kaganthi karo mega
Nanging atiku...
Durung kaganthi marang wong
liya
Rasa iki ora bisa tak
umpetake
Saya suwi saya jumbuh marang
sliramu
Aku kudu tumindak apa?
Ngadepi rasa iki rasa kang
wis kalawan takdir
Rasamu kang wis nyatu marang
jero bumi
PHP
dina-dinaku kabalut
mega
dina-dinaku kabalut rina
dina-dinaku kabalut rasa
rasa kang ora pernah teka
ning endi aku arep mlaku
ning endi aku goleki sliramu
sliramu tansah ilang saka
paningalku
aku namung bisa sumeleh ing
ati
nandhang rasa iki
rasa kang ana namung ing
lathi
Geguritan
prismatis
G U R I T
gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik
ing tengah sawah ing antarane kemreceke manuk emprit ngonceki gabah
gurit mung papan kanggo istirah
kanggo sayah apa kanggo kang makarya wegah
gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik ing tengah sawah
ramerame mbakar jagung nyadhong wangsit
gendhakan dhedhemitan
gendhakan karo dhemit
dhemit gendhakan
ing gubug cilik ing tengah sawah
gurit mung papan kanggo istirah
tembungtembug ukaraukara padha sayah
sawise dirodhapeksa diajak nyebarake dora
apuskrama lan pitenah
gurit mung papan kanggo istirah
17 januari 1988
RAMA SHINTA
Uripna uripe damar ing telenging jiwa
Shinta, jalaran aku asipat langit
Lan sliramu iku critane bumi
Awan lan wengi pinesthi
Manunggal ing donya langit
Ngrukti wiji wijiling rasa
Katresnan ora bakal pinisah
Samodra bawera lan alas gung
Shinta, dheweke mardika
Menyang endi kudu tumiba
Kaya lumepase warastra
Ngaras akasa
Dening: Widodo Basuki
Meditasi Alang- Alang, Kumpulan Geguritan 2004
gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik
ing tengah sawah ing antarane kemreceke manuk emprit ngonceki gabah
gurit mung papan kanggo istirah
kanggo sayah apa kanggo kang makarya wegah
gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik ing tengah sawah
ramerame mbakar jagung nyadhong wangsit
gendhakan dhedhemitan
gendhakan karo dhemit
dhemit gendhakan
ing gubug cilik ing tengah sawah
gurit mung papan kanggo istirah
tembungtembug ukaraukara padha sayah
sawise dirodhapeksa diajak nyebarake dora
apuskrama lan pitenah
gurit mung papan kanggo istirah
17 januari 1988
RAMA SHINTA
Uripna uripe damar ing telenging jiwa
Shinta, jalaran aku asipat langit
Lan sliramu iku critane bumi
Awan lan wengi pinesthi
Manunggal ing donya langit
Ngrukti wiji wijiling rasa
Katresnan ora bakal pinisah
Samodra bawera lan alas gung
Shinta, dheweke mardika
Menyang endi kudu tumiba
Kaya lumepase warastra
Ngaras akasa
Dening: Widodo Basuki
Meditasi Alang- Alang, Kumpulan Geguritan 2004
MARANG
SAWIJINING GURIT
Lan aku kelingan marang guritmu
Gurit sing ora tak ngerteni maknane
Kejaba sawijining parikan, sawijining sanepan
Sing kebak rasa kapang
Lan rasa panuwun, Marang urip
Lan sang Hyang
Ning saiki sakwuse pirang-pirang abad
Ngumbara. Dumadakan banjur krasa kaendahane
Sing mbujuk lakuku
Nuntun atiku
Sedheku. Ing ngarepE
Dening:Arief Mulyarto
Penjebar Semangat, Edisi 25, 24 Juni 2006
Lan aku kelingan marang guritmu
Gurit sing ora tak ngerteni maknane
Kejaba sawijining parikan, sawijining sanepan
Sing kebak rasa kapang
Lan rasa panuwun, Marang urip
Lan sang Hyang
Ning saiki sakwuse pirang-pirang abad
Ngumbara. Dumadakan banjur krasa kaendahane
Sing mbujuk lakuku
Nuntun atiku
Sedheku. Ing ngarepE
Dening:Arief Mulyarto
Penjebar Semangat, Edisi 25, 24 Juni 2006
(Tema dalam geguritan ini adalah rasa syukur
manusia kepada sang pencipta. Dalam geguritan ini digambarkan melalui jalan
hidup seorang manusia yang merasakan tanda-tanda kebesaranNya melalui keindahan
alam semesta.
Dalam geguritan ini menceritakan seseorang yang mengembara dalam arti menjalani kehiduapn sekian lamanya, akhirnya sadar dan merasakan nikmat dan anugerah dari Allah SWT.
Melalui rahmat dan anugerah tersebut, rasa syukur dan rasa terimakasih untuk sang pencipta selalu ada,yang selalu menuntun langkah umatNya untuk bersujud mengucap syukur atas segala karunia yang telah diberikan kepada seluruh alam semesta.
Dalam geguritan ini menceritakan seseorang yang mengembara dalam arti menjalani kehiduapn sekian lamanya, akhirnya sadar dan merasakan nikmat dan anugerah dari Allah SWT.
Melalui rahmat dan anugerah tersebut, rasa syukur dan rasa terimakasih untuk sang pencipta selalu ada,yang selalu menuntun langkah umatNya untuk bersujud mengucap syukur atas segala karunia yang telah diberikan kepada seluruh alam semesta.
TAPEL WATES
Dudu prakarane langit nalika lintang nangis
Dudu prakarane bumi nalika angina kakipa
Awit saben donga wis ngerti dalan lan wektune
Uga kudu aweh wektumarang hawa nyaring kamursidan ing antarane lebu ireng
Ora gampang ngener ampang
Lan butuh dawaning tekad lan kencenging pambudi
Nganti doyan marani pati!
Dudu prakarane langit nalika lintang nangis
Dudu prakarane bumi nalika angina kakipa
Awit saben donga wis ngerti dalan lan wektune
Uga kudu aweh wektumarang hawa nyaring kamursidan ing antarane lebu ireng
Ora gampang ngener ampang
Lan butuh dawaning tekad lan kencenging pambudi
Nganti doyan marani pati!
(Dalam kehidupan di dunia ini manusia pasti
mempunyai rencana untuk kedepan, dalam hal itu kita harus merencanakan dengan
sedemikian rupa untuk memperoleh hasil yang baik, maka dari itu manusia harus
mempunyai dasar yang kuat untuk memperolehnya yaitu berupa niat dan tekad.)
JAMAN IKI
WIS BANGET TUWA
dening : Turiyo ragil putra
Ngger,anakku
jaman iki wis tuwa
kabudayan wis rontang-ranting
mung kari crita
aja maneh sinom,dhandanggula,utawa gambuh
salarik guritan wae wis ora ana sing nganggep
kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
sing setya ngrengganisepine wengi
binareng angambare cempaka sari
wis ora ana tembang kinanthi
sing mbiyen tansah methuk eseme rembulan
nalika bocah-bocah dolanan jamuran
wis ora ana, ngger
kajaba swarta tangis
dening : Turiyo ragil putra
Ngger,anakku
jaman iki wis tuwa
kabudayan wis rontang-ranting
mung kari crita
aja maneh sinom,dhandanggula,utawa gambuh
salarik guritan wae wis ora ana sing nganggep
kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
sing setya ngrengganisepine wengi
binareng angambare cempaka sari
wis ora ana tembang kinanthi
sing mbiyen tansah methuk eseme rembulan
nalika bocah-bocah dolanan jamuran
wis ora ana, ngger
kajaba swarta tangis
(pendapat saya mengenai estetis pada geguritan
yang berjudul "Jaman iki wis banget tuwa" karya Turiyo ragil saputra
dapat dilihat dari segi kebahasan yaitu banyak bahasa kiasn sePerti kata
"Eseme rembulan" dan gaya bahasa juga tidak berbelit-belit sehingga
pembaca dapt menangkap apa yang disampekan pengarang.Sedangkan dari isinya
sangat bagus dan fakta,mengenai jaman moderen dimanah anak-anak mengisi liburan
sekolahnya nonton TV, playstation. jarang sekalih dimalam hari anak-anak
gegojegan di tenga-tengah taman disinarir cahaya rembulan,bahkan sudah tidak
ada lagi anak-anak yang bermain jamur-jamuran, dan menyayikan lagu-lagu
dolanan, bahkan lagu-lagu dolanan sudah asing di telinga anak-anak sekarang,
tetapi lagu-lagu band justru merka hafal. maka kita sebagai orang jawa
tulen/asli marilah lestariakan kebudayaan kita, walaupun lagu-lagu dolanan kita
harus menjaganya.)